Yaa Allah kulo nyuwun

ya Allah Gusti kulo nyuwon
pinaringa gesang istiqomah
ya Allah Gusti kulo nyuwon
mbenjang pejah khusnul khotimah

Ya Alloh Gusti kita nyuwun
pinaringan ilmu manfaat
Kangge ibadah lan ta’at
nindaaken hukum syari’at

Ya Alloh Gusti kita nyuwun
pinaringan panjang umur
Kangge ibadah lan syukur
ndunya akhirat sageta makmur

Ya Alloh Gusti kita nyuwun
anak sholeh kang gelem ndunga
Manut syari’ate agama
tuntunane wali sanga

Ya Alloh Gusti kita nyuwun
rizki agung halal barokah
Kangge jariyah shodaqoh
kangge ziarah medinah mekkah

Ya Alloh Gusti kita nyuwun
dadi wong sugih kang gelem zakat
Ngedalaken bandha kanti mufakat
ugi mbantu masyarakat

Ya Alloh Gusti kita nyuwun
ridho iklash shobar manah
Tentrem ayem tumakninah
ngibadahe sageto genah

Ya Alloh Gusti kita nyuwun
pinaringan bening ing fikir
Kangge maca qur’an lan dzikir
nafsu syetan sageta nyingkir

Ya Alloh Gusti kita nyuwun
saget khusyu’ nalika sholat
Awal wektu ampuno telat
ndunya akhirat mundak kuwalat

Ya Alloh Gusti kita nyuwun
dadi anak kang ahli bekti
Bapak ibu ingkang ngrumati
andidik mimpin kanti setiti

Ya Alloh Gusti kita nyuwun
saget netepi wajibe pasa
Syarat rukun saget ngreksa
dadi sebabe lebure dosa

Ya Alloh Gusti kita nyuwun
badan sehat wal afiat
Amal sholeh saget giyat
lan ngedohi laku maksiyat

Ya Alloh Gusti kita nyuwun
enggal gampang haji lan umroh
Sangi thowaf lan mbalang jumroh
dateng roudhoh saget ziaroh

Ya Alloh Gusti kita nyuwun
ampun ngantos kekirangan
Mugia cukup sandang pangan
kangge sangu perjuangan

Ya Alloh Gusti kita nyuwun
slamet saking fitnah ancaman
Lahir batin sageta aman
ngantos mbenjang akhir zaman

Ya Alloh Gusti kita nyuwun
mugia para anak lan putu
Ngamal sholeh tulung bantu
saget guyub rukun bersatu

Ya Alloh Gusti kita nyuwun
Slamet mbenjang wonten ing kubur
Gusti Alloh kang sifat Ghofur
dosa kita kersaha nglebur

Ya Alloh Gusti kita nyuwun
slamet mbenjang dinten kiyamat
Klebet umat nabi muhammad
nampi syafaat rohmat lan nikmat

………..

pakai lagu dari sini,